Dikira hoki dapet kontrakan 500rb. Ternyata isinya kuntilanak nagih utang nyawa.
Bima kuli miskin terpaksa "kawin" sama Sumi demi nyawanya. Kirain lunas?
SEASON 2 DIMULAI: Bakri penghuni baru masuk. Nyawa jadi DP kontrakan.
Berani baca jam 12 malam?
Karya ini diterbitkan atas izin NovelToon Maulana Alhaeri, isi konten hanyalah pandangan pribadi pembuatnya, tidak mewakili NovelToon sendiri
Urip Normal
3 wulan kemudian. Desa Sumberwaras.
Sawah ijo. Angin semilir nggowo ambune pari. Langit biru, ga ono mendung. Urip tentrem.
Bima nguli neng sawah mbah e Fitri. Awak e udah lemu, kulit e udah coklat kena panas. Kaos lusuh, caping bolong, celono cingkrang. Ketawa-tawa karo pak tani liyane.
"Mas Bima! Istirahat! Wedange wes mateng! Ono gorengan!" Fitri manggil dari gubuk sawah. Weteng e udah gede. 5 wulan. Jalane udah koyo penguin, megang-megang pinggang. Tapi pipine abang, mesem terus. Sehat.
Adek lari-lari nyusul Bima nyeker. "Pakkeee! Adek iso numpak kerbau! Gede banget Pak!" Pipine tembem, lemu, mlayu banter. Ga ono bekas kejang, ga ono mripat mendelik. Bocah normal. Bocah bahagia.
Sore, Bima adus neng kali. Banyune bening. Terus ngajar ngaji neng langgar cilik. Anak-anak desa pada manut, suarane rame "Alif-Ba-Ta". Pak Kades nyamperin Bima pas mulih.
"Le, Bima... Kowe wong apik. Sing ngalahke setan, sing ngentaske nyowo anak-bojo. Kampung iki butuh wong koyo kowe. Kersane dadi modin kampung kene piye Le?"
Bima kaget. Terus nunduk. "Kulo namung tiyang biasa Pak... Sing penting halal..."
Bengi. Neng omah gedek, Bima ngelus weteng e Fitri sing lagi turon. Gedene udah koyo semongko.
"Jenenge sopo yo Dek nek wedok?" Bima bisik.
Fitri nyengir, nyubit pipi Bima. "Melati ae Mas... Wangi... Ben kelingan... kancane Mas sing apik... Sing nulungi urip e dewe..."
Bima kaku sedetik. Atine nyeri tapi anget. Terus mesem. Ngangguk. "Melati... Apik Dek... Jeneng sing apik kanggo anak e wong sing wes menang nglawan setan..."
Tengah wengi. Jam 2. Fitri ngeluh. "Mas... kenceng... Aduh Mas... Kayane arep..."
Banyu ketuban pecah. Amben teles. Bima panik tapi tangane cekatan. Gendong Fitri, selimutin, naik motor butut. Ngebut nembus dalan desa peteng. Adek nangis gupuh tapi diemong mbah e.
"Sing kuat Dek! Anak e dewe arep lahir! Anak e dewe sing halal!" Bima teriak nyemangati karo ngebut.
Neng dalan, motor e liwat kuburan desa. Liwat makam anyar neng pojokan. Nisane putih, resik. Tulisane: "SUMI - KEMBANG DESA". Dibawah e ono tulisan cilik diukir alus: "Titipan Gusti. Penjogo Ati".
Bima ngerem motor. Mandeg sedetik. Udane gerimis. Bima mudun, nyekar kembang melati sing digowo saka omah.
"Mi... Nyuwun pandungane Mi..." Bima bisik karo nangis. "Iki... adik e arep lahir... Jenenge Melati... Ben kowe melu njogo saka kono yo Mi... Aku wes urip normal... Wes ga turu karo demit... Suwun..."
Angin wengi liwat. Adem. Nggowo wangi melati kenceng banget. Terus ilang.
Fitri ngelus tangane Bima saka motor. "Mas... cepet... Adek wes ora kuat..."
Bima ngguyu karo nangis. "Iyo Dek, gas!" Motor e ngebut neh nuju bidan desa.
Neng mburi, makam Sumi ketok tentrem. Ga ono suoro nangis. Ga ono kuntilanak. Mung kembang melati sing megar neng pinggir nisan.
Mung kembang melati sing megar neng pinggir nisan. Putih. Suci. Ketetesan udan gerimis, koyo nangis nanging lega.
Bima ngebut nrabas udan. Motor tuane batuk-batuk tapi tetep mlayu. Fitri nyengkerem tangane Bima kenceng, kringet e campur banyu udan. "Mas... loro... Mas..."
"Sing sabar Dek! Didelok dalane peteng! Bidan wes cedak!" Bima teriak, jaket e teles kabeh. Atine deg-degan. Wedi nek sejarah kontrakan mbalik. Wedi nek Melati kenopo-kenopo.
Tekan nggone Bu Bidan, Bima langsung gendong Fitri mlebu. "Bu! Tulung Bu! Bojoku arep lairan!"
Bu Bidan wes siap. "Tenang Mas Bima! Dilebokne kene! Bapak tunggu neng njobo!"
Bima mondar-mandir neng njobo langgar e Bu Bidan. Udane isih deres. Tangan e ndremimil. Ilat e komat-kamit dongo. "Ya Allah... Gusti... Iki anak halalku... Anak bojoku sing sah... Mugo slamet... Mugo waras... Mugo ora koyo neng kontrakan kae..."
Sak jam suwene. Jam 3 subuh.
Uwaaaa... Uwaaaaa...
Suarane bayi nangis. Banter. Melengking. Nyuwek sepi. Tapi nangise seger. Nangise urip. Nangise normal.
Bu Bidan metu, mesem sumringah. "Slamet Mas Bima! Wedok! Ayune koyo widadari! Sehat! Lengkap!"
Bima ambruk ndengkul. Nangis sesenggukan neng lantai langgar. "Alhamdulillah... Ya Allah... Alhamdulillah..."
6 wulan diganggu demit. 6 wulan turu karo kuntilanak. 6 wulan mangan masakan setan. Saiki... saiki dirungokne nangise bayi. Bayi menungso. Bayi halal.
Bima mlebu kamar. Fitri lemes tapi mesem, nyekel bayi abang sing dibedong kain jarik.
"Melati... Mas..." Fitri bisik lirih. "Anak e dewe... Melati..."
Bima nyedak. Ndelok raine bayi e. Alis e tipis, irunge mbangir, lambene cilik. Persis Fitri. Tapi... neng guluhe sisih tengen, ono tanda lahir. Coklat cilik. Bentuke... kembang. Kembang melati.
Bima kaku. Ambekane mandek. Ndelok Fitri. Fitri nyawang tanda iku, terus nyawang Bima. Mesem. Nangis.
"Sing njogo... tekan kene Mas..." Fitri bisik.
Bima nyium bathuke Melati. Nangis. Terus ngguyu. "Iyo Dek... Sing njogo tekan kene... Suwun... Suwun Gusti... Suwun Mi..."
Neng njobo, udan mandek. Langit terang. Ayam kluruk. "Kukuruyuuuk..." Subuh.
Urip normal diwiwiti.
BERSAMBUNG