Ana kucing anggora jenenge Mbok Rara. Bulune putih bersih kaya salju, matane biru sepet, anggun tenan. Mbok Rara iki putrane juragan, dirawat istimewa, pangananana wae panganan mewah. Nek mangan ya ra oleh kurang, nek turu ya empuk tenan.
Nanging, ing pojokan omah, ana kucing kampung jenenge Si Gembul. Bulune item legam, kurus kering, nanging lincah tenan. Si Gembul iki mung mangan sisa-sisa panganan Mbok Rara. Nek turu ya nang ngisor meja, aduh... kasian🥺.
Suatu dina, Mbok Rara lagi dolanan benang wol sing alus banget. Benange diulur-ulur, Mbok Rara mlayu-mlayu nyekel. Seneng tenan. Nanging, benange tiba nang ngarepe Si Gembul.
Si Gembul ndelok benang wol iku, langsung mripate melotot. "Duh, enak tenan iki," gumam Si Gembul. Mbok Rara sing lagi sibuk mlayu-mlayu ora ngerti meneh. Si Gembul cepet-cepet nyamber benang iku, terus dimakan!Mbok Rara kaget banget ndelok benange wis ilang. "Kucing endi sing mangan benangku?!" teriak Mbok Rara, suarane cempreng.
Si Gembul, sing wetenge wis kenyang mangan benang wol, cuma nyengir. Bulune sing item legam malah katon tambah ireng. Mbok Rara geger-geger, muring-muring. Si Gembul malah seneng-seneng, ngguyu nglirik Mbok Rara.
Juragan sing lagi ngombe teh, ndelok kejadian iku, langsung ngakak nganti ngucurke teh. "Dasar kucing kampung, ora tau weruh benang wol," jare juragan, sambil ngelus-elus Si Gembul. Mbok Rara mung bisa ndengus kesel.
{ Wis, mulai saiki, Mbok Rara dadi luwih ati-ati nek dolanan benang. Si Gembul? Ya ra popo, tetep seneng mangan benang wol. Hehehe...}
❥END