Dalan Urip
Abdullah Ar-Razzam, biasa diceluk Azam utawi Abdullah. Bocah yatim piatu sing wis putus sekolah. Azzam manggona karo mbah putrine ingkang asmane sarti nang kontrakan cilik. Uripe serba pas pasan. Bapak ibune seda sebab kecelakaan balik soko pasar setaun mbiyen. Wektu kue umure Azzam teksih 11 taun.
Jago kluruk nandani fajar uwis nyingsing. Adzan subuh wis dikumandangna nang mesjid mesjid. Azzam teksih turu nang kamar.
"Zaam, Azzam! Tangi wis adzan, enggal subuhan! " Mbah Sarti nggugah Azzam saking dapur. Azzam durung tangi maleh. Mbah Sarti marani Ming kamare Azzam.
" Azzam tangi le, melu mbah maring pasar ora"pituture mbah Sarti karo ngelus Azzam. Krungu yen mbahe arep maring pasar Azzam banyur melek.
" Mbah Azzam melu marang peken nggih" Pituture Azzam maring mbahe.
" Iya, saiki koe adus banjur sholas subuh yo"
"Nggih mbah".
Azzam sing wis rampung solat subuh, banjur marani mbah Sarti sing lagi ngunjuk teh anget nang mbale.
" Mbah Azzam sampun rampung subuhan,"
"Yowes saiki mangkat Ming pasar yuh, nko mbah tak ngunci lawang sik yo"
"Nggih mbah"
Saben esuk Azzam melu mbahe maring pasar adol jajanan pasar. Azzam uwis lulus Sekolah Dasar nanging deweke ora lanjut sekolah maning amargi langka biaya, mbah Sarti sampun kesusahan nggo biaya urip, dadi akhire Azzam milih ora nglanjutna sekolah SMP. Nanging Azzam ora tau ngeluh, deweke tetep semangat ngrewangi mbah Sarti dodol nang pasar.
Hasil dodol jajanan pasar ora sepira, amung cukup nggo biaya padinan lan mbayar kontakan. Kuwi mergane Azzam ora tau njaluk jajan maring mbaeh yen ora di tumbasna disik nang mbaeh.
............
Dina iki kaya biasane, Azzam lan mbah Sarti uwis nang pasar. Tapi dina siki mbah Sarti katon ora semangat kaya biasané.
" Mbah, punapa ketingal sayah, mboten séhat nopo? " Pitakoné Azzam marang mbahe
"Mbah ora papa Le mung katon mandan puyeng"
"Nggih sampun Azzam mawon sing ngantosi sadeanipun, mbah ngaso piyambak" Tuturé Azzam alus.
" Apa ora papa Le koe dodol dewekan? "Takone simbah merga kwatir marang Azzam.
" Nggih mboten nopo nopo mbah, mbah kondur mawon, ngaso teng ndalem" Sarané Azzam marang mbah Sarti.
" Yo wis koe ngati ati ya, Assalamu'alaikum "
"Nggih mbah, Waalaikumsalam mbah"
Sak kondure mbah Sarti Azzam ider malih, dewekke muteri pasar karo nyangking cangkingan.
Uwis se jam lewih muteri pasar urung ana sing tuku malih, Azzam banjur leren nang ngisor uwit. Ora let suwe ana bapak bapak mereki deweke,
" Adol apa le? "Pitakone bapak bapak kuwi maring Azzam
" Niki jajanan pasar pak, mbahe kulo sing ndameli pak"
"Rega pira kabehan kuwi? "
"Sekedap pak, kula wical riyin pak"
"Niki sedaya regi 50.000, pak"
" Yowis bungkus kabeh ya"
"Nggih pak sekedap"
Azzam banjur mbungkus kabeh jajanan pasar mau.
"Niki pak"
"Nggih.iki duwite le" Karo ngulungna duwit satus ewuan siji.
"Lho pak mboten enten jujul pak, sekedap badhe kula ijolaken maring bakul"
"Sampun mboten susah, nggo koe bae le jujule"
"Mboten pak tak ijolaken mawon, sekedap nggih pak"
"Ora usah, rejeki mu kuwi"
"Matur suwun sanget pak"
"Nggih sami sami"
Azzam mberesi wadah dagangan mau, banjir mulih Ming omah. Deweke kwatir marang mbahe.
.........
"Assalamu'alaikum mbah, Azzam wangsul" Salame Azzam karo mbukak lawang omahe.
"Waalaikumsalam le, cepet temen apa wis entong? " Pitakone simbah sing gumun esih awan Azzam wis mulih, padahal biasane nganti sore yo ora entong.
" Nggih mbah, wau wonten bapak bapak ingkang tumbas mbah"wangsule Azzam.
"Alhamdulillah, yo wes saiki koe adus banjur siap siap wis wektune sholat dzuhur"
"Nggih mbah".
IWengine, sawise maghrib Azzam marani mbahe nang pedangan,
" Loh mbah, mbah ndamel dagangan mbah, nopo mbah sampun mantun?" Pitakoné Azzam marang mbahe.
" Uwis mendingan zam, nek ora gawé dewek ora bisa dodol sesuk, tèru nggo padinané priwe"
"Nggih mbah, Azzam melu nggawé yo mbah"
"Yo ngeneh"
Azzam ngrewangi mbahe nggawé jajanan nggo dodol ngesuk.
Jam 10 wengi Azzam wis rampung ngrewangi mbaeh banjur wudhu lan sholat 'isya, sak rampungé sholat Azzam siap siap tilem, merga uwis wengi.
Sak urunge tilem Azzam ora klalen ndonga nggo bapak ibuné lan mbaeh, ugi donga saurungé tilem.
. ...........
Ésuké Azzam wis tangi gasik, arep ngrewangi mbaeh nyiapaké dagangan, nanging ora nemokaké mbaeh nang dapur. Azzam kuatir marang mbaeh mergo mbaeh teksih gerah. Azzam banjur priksa marang kamare simbah.
Azzam weruh mbaeh pucet lan teksih saré.
"Mbah, mbah teksih gerah nggih?" Pitakoné Azzam.
"Mbah ora papa Le, dela ya mbah siap siap disit"
"Sampun mboten susah mbah, dinten niki Azzam mawon sing marang pasar nggih"
"Apa ora papa Le? Teyeng koe dewekan?" Mbah Sarti kuatir Ming Azzam
"Mboten nopo nopo mbah, insya Allah Azzam saged mbah, mbah ngaso rumiyin teng nggriya, "
"Ya wes ati ati Le" Pesené mbah Sarti.
"Nggih mbah, Azzam pangkat riyin nggih, Assalamu'alaikum mbah" Pamite Azzam marang mbah Sarti kaliyan nyimpen astane simbah.
"Nggih Waalaikumsalam Le"
..........
Kayane dina kie ora mujur nggo Azzam, jajane nembe payu sethitik. Mergane wis kesel Azzam liren disik mulihake tenagane. Lagi enak enake leren, ana bapak bapak sing wingi mborong dagangane mereka deweke. Bapak iku banjur lungguh ing pereke Azzam
" Dewekan koe le"pitakone maring Azzam.
" Nggih pak, mbahe kula saweg gerah pak teng nggriya"
"Koe ra sekolah le? "
"Mboten pak, mboten enten biayane, mbah uga mboten enten sing ngrewangi pak"
"Oya Jenengmu sapa le? "
"Kula Azzam pak, bapak piyambak asmanipun sinten pak?, kok kula jarang pirsa nggeh"
"Bapak jenenge pak Akbar le, bapak nembe pindah marang kota iki, pindah kerja neng griya sakit kene le"
"Oo inggih pak"
"Wis sore le, bapak wangsul nggeh, niku jajanane bapak borong"
"Nggih pak maturnuwun sanget pak"
"Nggih sami sami"
Azzam banjur mbungkus kabeh jajanan, trus di paringaken maring pak Akbar.
Sawise Azzam langsung balik maring omahe.
.........
Sak gutule omah, Azzam langsung marani mbah Sarti nang kamare nggo ngecek keadane. Pas mlebu kamar Azzam ora weruh ana simbah, banjur Azzam nggoleki meng dapur uga ora nana. Azzam banjur miliki kamar mandi, pas mlebu kamar mandi Azzam kaget merga weruh mbah Sarti uwis dhawah nang ngisor ora sadar. Azzam mereki mbah Sarti lan nggugah nggugah simbah nanging ora gelem obah. Azzam lunga Ming umahe pakdhe Sardi, tanggane njaluk pitulungan
"Assalamu'alaikum pakdhe, tulung pakdhe simbah, simbah dhawah teng kamar mandi pakdhe" Pakdhe Sardi sing lagi nang emperan kaget banjur takon
"Innalillahi, Saiki piye mbah Sarti ne le? " Karo mlayu meng umahe Azzam
"Simbah ora sadar pakdhe" Azzam uwis pengin nangis wedi mbok simbah nangapa ngapa.
“ Le Mbah Sarti kudu digawa Ming griya sakit saiki le”
“kula manut mawon pakdhe, sing penting simbah Slamet”
“yawis saiki pakdhe nyeluk ambulan desa, terus koe siapna KK, KTP ne simbah lan KIS yo le, ngerti koe mbok”
“Ngertos pakdhe, sekedap “
Azzam banjur nyiapna surat surat sing di prentahke pakdhe Sardi mau.
Ora let sue ambulan teka, tanggane Azzam pada merek merga pengin ngerti ana kedadean apa
Mbah Sarti di bopong nang pakdhe di rewangi tangga liane Ming ambulan, Azzam lan pakdhe Sardi mlebu ambulan njujugna mbah Sarti ming griya sakit.
Nang njero ambulan Azzam nangis lan gemeter, deweke wedi mbok mbah Sartinangapa ngapa, ndeweke wedi mbok nganti keilangan mbah Sarti kaya pas bapak ibune nilar. Nek mbah Sarti ora nana Azzam dewekan.
“sabar ya le, dongakna bae mbah Sarti ora papa”pakdhe Sardi nenangake Azzam karo ngrangkul pundake.
“nggih pakdhe” Azzam wis mandan tenang.
Ora suwe ambulan wis gutul nang griya sakit, pakdhe nyeluk perawat, lan mbah Sarti digawa mlebu ruang IGD. Azzam ngenteni mbah Sarti nang ngarep IGD dewekan, pakdhe Sardi lagi ngurus surat surate nang nggon administrasi. Sawise rampung ngurus administrasi pakdhe Sardi mbatiri Azzam ngenteni dokter sing lagi ngecek keadaane mbah Sarti.
Ora let sue doktere metu,
“loh Azzam, ngopo nen kene Zam, ana sing mriyang ta? Doktere sing ora liya pak Akbar, sing biasa mborong dagangane Azzam.
“Mbah kula pak, dhawah teng kamar mandi”
“oo sing miki kae ya?”
“nggih pak”
“dadi pripun dok keadaane mbah Sarti?”pitakone pakdhe Sardi.
“menurut diagnosis e bapak mbahe Azzam kenang serangan stroke, tapi esih kudu diperiksa maning, biasane di sebabnya tekanan darah tinggi sing ora ke kontrol”
“stroke sing nang simbah kie kegilong stroke berat, sing nggawe simbah lumpuh lah ora bisa ngucap, tapi esih bisa diobati nganggo terapi rutin”
“ Astaghfirullah mbaahh”Azzam nangis maning, ngerti keadaane simbah, merga biasane deweke ora tau weruh mbah Sarti ngeluh lara.
“sabar ya zam, kabeh wis ana dalane, gusti Allah ora bakal ngaweh cobaan nglewihi bates kemampuan e makhluk e”pakdhe Sardi lan pak Akbar nenangna Azzam.
“nggih pak, pakdhe”
............................
Wis liwat 5 dina mbah Sarti dirawat, nanging ora ana perubahan, mbah Sarti durung sadar, malahan keadaan e tambah ngawon. Saben dina kue uga Azzam nunggoni mbah Sarti nang griya sakit dina tiri pakdhe Sardi lan pak Akbar.
Saiki Azzam cemas merga saiki keadane mbah Sarti kritis. Mbah Sarti miki kejang kejang, Azzam nangis nang rangkulane pakdhe Sardi. Pak Akbar lan dokter liyane lagi mriksa Mbah Sarti. Kabeh keton kuatir karo keadaane mbah Sarti. Nanging usahane para dokter pupus sawise krungu suara nglengking dawa saking monitor detak jantung. Kabeh panik, Azzam wis histeris, nangis kejer. Mbah Sarti ora bisa dislametna, pakdhe Sardi dibantu pak Akbar ngurus balike jenazahe mbah Sarti.
Mobil jenazah mlebu desa, warga wis rame sing nglayat, kabeh wis disiyapna, jenazahe mbah Sarti langsung di adusi lan dikafani banjur di sholati. Sawise rampung kabeh, kabeh langsung njujugna jenazah Ming pesarean, anggon leren terakhir e mbah Sarti.
Sore wis rampung kabeh, Budhe Tuti , garwane pakdhe Sardi nyiapna nggo tahlilan mengko bengi dibantu tangga liyane.
Baru maghrib, pak Akbar rawuh teng umahe Azzam, mau ora bisa melu merga esih ana tanggungan kerjaan.
“Assalamu’alaikum”
“waalaikumsalam warahmatullahi wabarakatuh, eh monggo pak Akbar, ibu, pinarak ndalem, “
“nggih pak maturnuwun, niki pak kula lan Irma,garwane kula badhe nemoni Azzam pak, angsal?”
“nggih angsal pak, sekedap kula celuk aken Azzam e pak”
“ Zamm, Azzam ana pak Akbar kie zam”pakdhe Sardi nyeluk Azzam sing kita sore ora metu kamar mung ,ngalamun,
“nggih pakdhe sekedap”Azzam metu kang kamar karo lesu, matane bengkak. Azzam banjur nyalami pak Akbar lan garwane.
“riki le lengah nggen bapak”pak Akbar kalih nepuk nggon nang pinggire.
“Sabar yo Zam, kabeh ujian ana hikmah nang mburine, saiki koe ndonga supaya mbah Sarti oleh panggonan sing sae nang alam Barzah ya”
“nggih pak aamiin “Azzam nangis maning nang rangkulane pak Akbar, banjur di peluk nang bu Irma.
“Zam, bapak teng ngriki, pengen ngayat uga nawani koe mbok gelem melu bapak ya, bapak karo ibu mboten gadah putra, dadi bapak pengen ngangkat koe dadi putrane bapak, tapi kabeh terserah koe”
“nggih zan ibu karo bapak ora meksa”
“maturnuwun pak bu, tawarane, tapi mengkin nggih Azzam pikir riyin”
“iya ora papa, bapak karo ibu siyap nunggu kepriwe keputisanmu”
Pak Akbar nang nggone Azzam nang nggone Azzam nganti tahlilan rampung, bar kuwe nembe kondur.
............................
Uwis liwat 10 dina mbah Sarti sedang, Azzam saiki manggon karo pak Akbar lan bu Irma, deweke ora let matur syukur maring gusti Allah, mergane esih ana wong apik sing gelem ngawat deweke. Azzam di rawat nang Pak Akbar lan bu Irma kanti apik, malahan Azzam wis mulai mlebu sekolah maning. Nanging yo telat setaun, Azzam kudu mulai kang kelas 7 disit, nanging Azzam ora nyerah, deweke malah seneng, nang mbatin deweke janji ora bakal ngecewakne pak Akbar lan bu Irma sing uwis berjasa nggo uripe dewek. Azzam pengen dadi dokter kaya Pak Akbar lan bisa nulungi wong akeh nganggo ilmu lan tenagane.
................
MAAF BUAT YANG NGGA NGERTI BAHASA JAWA, SAYA CUMA ISENG" AJA NULIS CERPEN, TAPI MAU DITUANGIN KE BAHASA INDONESIA TAPI BINGUNG KATA"NYA😁😁😅