Neng desa Bodeh Pemalang, dukun anyar arane Suswanto, buka praktek durung payu.Ben bisa payu, deweke gawe iklan "Sembuh, bayar Rp100rb, tidak sembuh dibayar Rp1jt".
Awit ana iklan kue, rame nemen pasiene, nganti ana dokter praktek ngrasa kesaing, nyoba nyacak apen apen mriyang njajal berobat karo niate pan gawe wirang dukune.
Dokter : "Mbah nyong mriyang kiyeh, ilate mati rasa"
Suswanto: "Oh..nganggo obat kiye bae, langsung dinum siki, telung tetes"
Doktere manut...
Dokter : "Asemm, rasane daning mangsi spidol!?"
Suswanto : "Nah...brarti rika wis mari, ngeneh bayar satus ewu !"
Doktere esih penasaran, ngesuke teka maning karo ngarang penyekit sing kira-kira angel tambane...
Suswanto: "Mriyang apa maning rika?"
Dokter : "Nyong hilang ingatan kiye, apa tambane"
Mantri : "Kiye nyah !, langsung dinum telung tetes !"
Dokter : "Lho, mbok kiye anu obat sing wingi?"
Suswanto: "Hahah...brarti rika wis emut maning, ngeneh bayar satus ewu !"
Doktere esih urung puas, ngesuke teka maning, ngarang penyakit sing luwih parah maning, apen apen ora weruh,matane blerengen.
Dokter : "Nyong mriyang maning kiye!"
Mantri : "Mriyang apa???"
Dokter : "Matane blaruk nggo ndeleng"
Mantri : "Ohhh, angger kuwe tah angel tambane..."
Dokter : "Brarti nyong dibayar sejuta, meneh duite Mbah..!"
Suswanto: "Iyalah, nyah kiye tek bayar sejuta.."
Suswanto nein duit sepuluh lembar, tapi ewuan kabeh
Dokter : "Deneng mung sepuluh ewu ?!, jerene sejuta"
Suswanto: "Hahahahah, brarti siki rika wis weruh, ngeneh kuwe duite balekna, karo tambah satus ewu !!"
Ngesuke maning doktere kendat neng wit ganyong.
Bang Lani sing dicritani daning Nurfaizah Nurfaizah kancane Po Nurlaela Roeslani Lani mung cekikikan karo semaur,"Suswanto dilawan...kae khatam kitab primbon Betal Jemur Adamakna 501 lembar,tapane bareng karo Sarboah Prasojo neng tengah laut.
:: TAMAT :