Dudu karna harta benda apa kasta apamaning tahta sing dadi alesan anggone deweke nglakoni tapa brata....
Kanda harta benda,Suswanto dudu wong sing ngangsa dunya.Wis cukup anugerah sing Kuasa,rupa sawah sakothak wedus sakandang.Ora nggege mangsa kepengin liya liya,semono bae wis ndadekna puyeng,rumangsane tenaga pikiran ora lunga lunga nggo ngawula tanduran karo pakan,supaya ingon ingone ora kurang pangan.. .
Crita kasta,Suswanto wis ngrasa bungah dadi anake wong tani biasa,ora iri kepengin dadi anake juragan,turunan ningrat apa konglomerat...
Kanggone Suswanto si Mak Bapane tetep wong hebat.
Pan ndongeng bab tahta,Suswanto dadi wong ora edan kedudukan..
Nrima legawa najan pangkate mung pangon,gaweane mung ngarit karo angon...
Sabar nglakonane najan sering kepaidon...
Ndean wis kudune lelakon dadi pangon...
Suswanto anggone niat arep tapa brata,karna pengin ngilangna trauma.Demen wong wadon ora klakon.Boro boro ditrima,dijawab bae ora...
Hadewh atine lara angen angene nlangsa.
Jaman semana ngenteni seminggu rong minggu,sewulan rong wulan nganti jangkane taunan..ora nrima jawaban.
Bareng krungu kabar ,sing dinteni jebul wis kawinan karo wong wetan,malah wis duwe keturunan.
Duuuh Gusti...paringana kuat iman,ben aja nganti edan..
mlaku mlaku sadawane dalan karo ngetung wit johar sing jejeran,nganti klalen nganggo pakaian,klambinan ora kathokan!!!
Untung bae Suswanto kanca balane wong apikan,kaya Sarboah Prasojo sing duwe jurus 501 gegeman,dadi ora nganti kegoda rayuan syetan mlayu maring peleman apa maning nongkrong neng tempat mendem minuman nganti mabok mabokan...
Digawe tau mabok sepisan kuwe bae dudu karna nginung ciu botolan..tapi karna numpak bis Tegal Pemalang supire ugal ugalan..
Suswanto njagong jok bagian mburi pisan,krasane digoyang ntrog entrogan,mual mual wetenge nganti kliyengan matane kunang kunang..
Kaya sing bar maca tulisan dawane ora ukuran tapi isine ora karuan,awit judul nganti rampungan...
Glondaaaaaaaaaaaaaaangggggg!!!